Cari Blog Ini

Jumat, 25 November 2011

MENJADI GURU DI BUMI DAYAK


PENGALAMAN MENJADI GURU SMP DI DAERAH DAYAK BENOAQ
DADI GURU SMP ING PEDALAMAN DAYAK BENOAQ
PEDALAMAN KALIMANTAN TIMUR
Tahun 1986

Yen krungu omongan sing nyatur “suku Dayak” isih ana rasa miris lan panemu kang gawe merindinge kulit. Merga apa? Ora liya sumebare crita-crita kang nerangake menawa suku dayak serik marang pendatang, ora duwe tata karma sarta sifate kang isih alas an. Lan sing luwih nggirisake , jarene suku dayak iku mangan manungsa. Pranyata kepriye ? apa bener cerita mau ?
Pitakon mau ngelingake aku nalika isih ana kampung. Gegambaran meneka warna ngenani kahanan ing Kalimantan wis dak tanpa saka tangga-tangga lan kanca. Ning sing tetep ora dak mangerteni , ing kutha apa ing desa daerah Tanjung Isuy kuwi. Sebab ing SK mung katulis SMP Tanjung Isuy Kal Tim.

“ Mosok rek saka Tulungagung di tugasake menyang Kalimantan Timur ana ing pelosok , paling ora ya pinggiran kota, apameneh SMP, rak ora mung kin Manawa ing pedalaman”. Panemu kaya mangkono mau kang ndadeake tekadku gilig budhal menyang Kalimantan Timur.

NINGGALAKE SURABAYA
Senin , jam 5.45 ing tanggal 6 januari 86 Merpati sing dak tumpaki wis ninggalake Juanda. Dak pilih panggonan kang cedak jendela, murih bisa ndeleng kahanan ing njaba.
Aku unjal ambegan naliko pulo Madura wis mungkur. Ora dak mangerteni manawa ing sandingku ana wong lanang brewok, dhuwur kaya wong arab. Mung bae , pawakane rada cilik. Nalika dak jak kenalan deweke ngerti bahasa Indonesia. E….. tibane wong Banjarmasin kang wis 17 tahun megawe ing Riyadh. Ngerti tujuanku, maneka warna pitutur kang diwenehake, kang isine ing saba paran supaya ngati-ngati, lan kang utama kudu jujur.

Sepuluh menit meneh Merpati bakal ndarat ing Samsudin Noor Banjarmasin. Katon pulo kaliman kang ijo. Aku tansah ngucap syukur, dene aku wes bener bener ninggalake pulo jawa, bakal urip ing pulo Kalimantan kang dak mangerteni lieat crita bae. Pancen lucu yen di gagas , ninggalake pulo Jawa menyang Kalimantan kang isih wilayah Indonesia bae kaya budal lunga kang ora bali selawase. Mendah meneh yen lunga menyang liya Negara kaya ngapa rasane.
Ing Banjaramasin ngaso 25 menit , budhal maneh menyang Balikpapan. Rasane eman banget arep ninggalake jendela.

Jam 10.30 wita , pesawat wis ndarat ing Sepinggan Balikpapan. Beda banget karo kahanan Juanda. Ing kene banget panase , lebah katon abang sarto sepi. Marga kuatir yen ana kang ora beres tumrape awaku kang lagi sepisan ngambah Kalimantan, cepet –cepet pesen taxi menyang dalame Bp. Suwandi KS SMA Panajam kang tepung nalika ketemu ing IKIP Surabaya.

ING SAMARINDA
Jam wolu esuk ing dina candake, aku budhal saka terminal bis Balikpapan nuju Samarinda. Ing dalan tansah dak gegem piwelinge wong uwo supaya ora grusah grusuh ing samubarang.
Bis sing dak tumpaki kebak banget , nanging ora ana sing ngadek. Aku tansah ngematake dalan kang rupane sarwa abang , margo dalane kang menggak - menggok.
2 jam 15 menit , Balikpapan wis di liwati , nganti tekan terminal penyeberangan Samarinda. Aku leren sedhela ing penyeberangan Mahakam saperlu golek isine weteng.
Kaya piwelinge Bp. Suwandi, aku lancar bae nyebrang golek prau. Mlebu tuku karcis 25, langsung lungguh prau kang kebak. Prau cilik isi wong seketan kanthi di surung mesin disel alon-alon nyabarang kali Mahakam kang amba. Aku tansah ndedonga , muga-muga wong-wong ora mangerti yen aku wong anyar, nadyan gawanku akeh. Sawise mbayar Rp 200 , aku golek ojegan. Ing Samarinda ora ana becak, marga dalane kang nanjak perbukitan , sejene dalan kang sempit di banding dalan propinsi ing Jawa Timur.

Samarinda kang sadurunge mung gambar ing angen-angen , mung crita-crita kang dak
tampa , saiki wis dak ambah, dak deleng, lan bakal dak rasaake. Kahanan kutha ora beda karo Tulungagung, mung ing kene bangunan-bangunan kantor luwih megah ana taxi kota , nanging ora ana bis umum.
Kanthi ati manteb aku mlebu ing kanwil PK Samarinda. Barang gawanku dak titipake ing ruang jaga , langsung takon Kepala bagian Kesenian , kaya kang di pesenake Pak Samsul Afandi sadurunge budhal.

Ora kaya ing kanwil Surabaya, ing kene gambang bae yen arep ketemu kepala Bagian. Ora antri akeh. Kanthi sumringah lan sumanak Pak Drs. Moh Aini nampa tekaku , bareng deweke mangerti yen aku anak buahe pak samsul. Maneka warna katerangan sing tanpa , kang surasane aku mesti krasan ing Tanjung Isuy , merga daerah pariwisata. Apa maneh aku guru Bahasa Indonesia , pas banget panggonan mau. Aku rada rada kaget bareng ngerti yen jarak Tanjung Isuy , samarinda 250km , lan kudu di tempuh 27 jam liwat banyu kali Mahakam. Nanging maneka warna katrangan bisa mantebake atiku. Jare ing kana aku bakal weruh lan bisa bermasyarakat karo wong-wong dayak , kang ing njaba mung krungu crita –crita bae.

Alhamdulilah , pangeran tansah paring kelancaran. Kebeneran , KS SMP Tanjung Isuy ana ing samarinda , merga daleme ing Samarinda. Nalika lapor marang kabag Dikmenum Bp. Drs. Awang Adiani , langsung utusan supaya nimbali KS SMP Tanjung Isuy supaya mapak tekaku. Ah, aku di mesakake , marga aku guru kang paling enom kang teka saka Jawa. Pancen nalika teka umurku during genep 21 tahun.

Akhire aku nginep limang dina ing daleme Kepala Sekolah Tanjung Isuy BP.Rufinus Baso Tolanda suku Toraja. Marga kapal kang nuju Tanjung Isuy mung ana saben seminggu kaping telu.

BUDHAL MENYANG TANJUNG ISUY
Sabtu, 11 januari 86
Esuk jam 9, budhal menyang Tanjung Isuy. Taxi air kang arupa kapal silik dawane 12x5 meter, satemene kapal barang kang ngangkut hasil pertanian saka hulu ( pedalaman Kalimantan Timur ). Sebab kapal khusus penumpang mung ana seminggu sepisan saka Tanjung Isuy.

Aku sengaja ora kakean ngomong, murih wong-wong ora ngerti yen aku wong anyar. Nanging ora dak nayana , aku keprungu wong ngomong basa Jawa. Dak gatekno , banjur dak cedaki. Alhamdulilah , paranyata kanca senasib saka Bajanegara , kang tugas ing Muara Kedang.

Kapal budhal alon-alon. Jumban lan rakit kanggo adus lan umbah – umbah dadi pandangan ing pinggir kali. Kapal mandheg , saperlu tuku uyah ing kios perum Garam. Ora kurang saka limang ton , uyah kang di gawa menyang pedhalaman kanggo ngawetake iwak-iwake nelayan. Yen ing kios rega watara Rp 75- Rp 100 , marga biaya transportasi ing Tnjung Isuy bisa dadi Rp 125 – Rp 150 / kg.
Endhahing pinggir kali kala-kala di selingi bangunan perusahaan triplek lan batubara. Pancen bener yen Kalimantan Timur iku pulo kang sugih , suka alame kang makmur.

Jam setengah loro awan , kapal mandheg maneh. Parnyata kutha Tenggarong ibukota kabupaten Kutai. Aku wis bisa mesem bareng krungu suwarane bakul sega lan bakul jajan gegojegan mawa basa Jawatimuran. Bakul es , bakul bakso, tukang ojek, tukang becak, meh kabeh di monopoli wong Jawa. Ning kang akeh saka transmigrasi kang wis 5-12 tahun.

Aku munggah pelabuhan , dak dalem tulisan “SELAMAT DATA NG DI BENOA ETAMM” kang artine “Sugeng rawuh ing kampungku”. Ukiran dayak Kenyah dadi lambang kaendahane. Mbok menawa Dayak Kenyah kang kabudayane luwih dhuwur tinimbang suku dayak liane.
Sawise tuku sega bungkusan Rp . 500 , Pak Rufinus ngundang supaya enggal-enggal , sebab kapal cepet budhal. Kwatir yen kebengen ing kampung sinoni panggonan golek mangan ing wayah bengi.

Dalan sachedake ora ndadeake bosen tumrape wong anyar kang lagi teka liwat Mahakam. Malah rada aneh maneh , marga wiwit jam papat pemandangane wong-wong kang adus lan umbah-umbah. Aku ora ngerti apa sebabe wong kutai pakulitane rata-rata kuning resik , padahal banyu mahakam rupane abang buthek. Ya banyu iku kanggo adus, cucian lan masak. Nanging yen arep dinggo masak di obati dhisik murih bening banyune. Nalika dak takonake kahanan Tanjung Isuy , jare banyune apik banyu belik, lan lemahe wedhi. Mesthi bae yen adus kudu nggawe klambi basahan , maraga ing papan terbuka.
Sore ing Mahakam katon endah. Wengine kang ndadeake aku rada gumun , ing kapal muter kaset pengajian islam. Pancen rata-rata kang nduwe kapal haji-haji saja suku Banjar lan Bugis. Njur piye yen sembahyang? Apa yen ing kapal ora nate sembahyang?
Jam lima esuk , aku tangi seperlu sikat gigi. Kanthi mripat merem aku nyiduk banyu kang abang saka kali Mahakam. Aku ngguyu dhewe ing batin. Jare wong jawa , yen wis ngombe banyu Mahakam ora bisa bali menyang kampung. Masya Alloh ! aku ora wani melu sembahyang marga rasa kwatir mau.

TANJUNG ISUY KANG DAK IMPI
Kanggo golek sarapan esuk, kapal mandheg ing Muara Muntai, kecamatan ing pinggir kali Mahakam. Wah ! pancen ndadekake sirah iki gedheg-gedheg. Omah- omah ing pedalaman Kalimantan pranyata ora kaya sing dak bayangake tansah primitif. Saka pelabuhan katon anten-anten tv meh saben omah. Took kang gedhe gedhe , lan remaja kang klambi sarta panggone sarwa barang kang nguthani. Kaya ngapa Tanjung Isuy? Pikirku.

Kanggo nuju Tnjung Isuy kang dununge ing ujung kidul kulon Danau Jampang, saka muara muntai mlebu kali kang rada cilik tinimbang Mahakam. Alas mawa kethek abang dadi pemandhangan kang endah. Watara setengah jam, katon kampung jantur kang kawentar sugih merga okeh kang duwe kapal, lan ora sithik panduduke Banjar wes nati lunga kaji.

Danau Jempang wis katon ulak-ulak kaya segara anteng tanpa ombak. Danau kang jerune ana 7 meter luwih iki bisa asat yen wayah katiga. Sebab kang ngebaki banyu mung kali Mahakam liwat kali Jantur lan kali bae kang ngeterake penumpang menyang muara Muntai saperlu nyegat kapal. Malah nalika kemarau 82 nana kebakaran , danau iki bisa di liwati oto saka Tanjung Isuy menyang Jantur.
Kapal mandheg ing kampung Pulau lanthing saperlu ngedunake penumpang lan mbongkar uyah pesenane nelayan. Budhale nggawa iwak , baline di teri uyah , kaya barter bae. Pulau lanthing katon menarane masjid 97% penduduke islam , kaperang saka telung suku. Kutai , Bugis lan Banjar. Ana sak kluargane kang katolik , cina keturunan dayak.

Omah-omah sarupa panggung jejer ngubengi pinggir Danau. Ing ngisor omah-omah ing dhuwur bamboo kanggo mepe iwak lan ngupakara hasile. Biyen kabeh pendhudhuk omah ing dhuwur banyu. Nanging sawise ana penyuluhan saka pemerintah , akeh kang nyadari bebaya lan kepraktisanne omah. Amarga yen banyu asat , omah-omah ing dhuwur banyu tansah pindah-pindah melu okehe banyu. Durung maneh yen ana angin , mesthi bae omah cepet rusak marga kagawa ombak.
Danau sing di liwati kari Kali kaya Mahakam , mlebu dalan buntu katon kampung cilik mawa menara masjid lan menara gereja. Dhuh gusti ak bener-bener tumeka Tanjung Isuy kang sasuwene iki mung arupa impen. Tanjung Isuy kang suwe dak wantu-wantu pranyata banget mbutuhake katabahanku, tabah ing apa? Aku banjur sadar. Iki isih ing Indonesia. Ngapa aku mung wedi wewayangan –wewayangan crita kang durung dak mangerti kebenerane.

“ Mari Pak turun “ ajake Kasekku , Pak Rufinus Baso Tolanda saka Toraja. “ Barange jarne bae , ben di rewangi bocah-bocah nggawa “ kau mesem, rumangsa isin nglamun maneka warna.

Selamat datang di Tanjung Isuy “ tekaku di papag kanthi tulisan ing pelabuhan. Ora suwe , bocah-bocah teko nggawakake tas lan gawaanku. Tanpa akeh gunem , mlaku liwat omah-omah kang arupa panggung. Anehe ora ana kang nduwe latar , tanpa kembang kanggo asrining ngarepan. Nadyan mangkono , rata rata saben patang omah ana anten tv siji. Katon kemakmurane pendhudhuk , nadyan omah-omah tanpa kapur putih.
Sawise adus , Pak Rufinus ngundang aku , ana wong jawa bakal ketemu atiku krasa manteb bareng tepung karo Pak Ainun saka Kupang Krajan Surabaya kang tugas babinsa Kecamatan Jempang.

Bengine di ajak Pak Ainun menyang Bp. Syukur ketua RT I. aku banjur masrahake awak supaya katrima dadi penduduk Tanjung Isuy , mawa surat pindhah sing dak gawa. Banjur aku takon kepriye yen dadi tamu mawa upacara adat Dayaq Benoaq, apa kang perlu di tindakake.

Yen cara adat , tamu kang arep dadi pendhudhuk Tanjung Isuy kudu menehake piring putih menyang kepala adat, kang surasane , kanthi tulusing ati kaya piring sing p[utih durung ana dosa lan kesalahan , teka dadi masyarakat Dayak Benoaq. Lan bukti saka kepala adat uga menehake piring putih pratanda yen tekane katampa kanthi senenge ati lan ikhlasing manah. Tumprape aku, marga tamu adoh kang durung ngerti cara adat , ora dadi apa. Mung bae yen nyalahi adat uga kadendha kanthi cara adat. Mesthi bae oleh keringanan, yen kaping telu nerjang peraturan adat di elikake isin tetep , mesthi bae ora kena di ampuni maneh.

Kanthi andhap asor lan seneng , pak syukur kang yuswane 42 th crita maneka warna. Ora bener yeng wong Dayak managan wong, dadi aku di suwun supaya bisa ngilangake panemu mau, murih tenang tugas ing Tanjung Isuy. Aku mung mesem semu isin , marga ing atiku uga ana panemu kaya mangkono. Yen ana apa-apa , matur bae menyang dheweke.
Pak Syukur saiki wes melu agama Katolik , nate menyang Surabaya , bali lan Jakarta melu rombongan kesenian kaltim. Sing ora bisa di lalekake , nalika ing Jakarta , ana pitakon “ Apa kulit kendhang iki saka kulit manungsa ?”
Ya mokal banget yen kulit manungsa bisa di gawe kendhang , sepira kandhele. Pak syukur maratelake kanthi semangat.

NGINEP ING PARUMAHAN GURU SD
Aku rada bingung nalika di tawani nginep ing daleme Pak Syukur piwelinge Pak Samsul nalika isih ing Boyolangu tansah dak gegem. Dak deleng pak Syukur duwe anak wadon. Wah ! rasa kuatir lan kuatir tansah nggubel ati. Untung bae Pak Ainun mangeri kebingunganku

Akhire aku lan pak Ainun pamitan arep turu menyang perumahan guru sd pak Yanto saka semarang kang wis tugas ing Tnjung Isuy. Embuh apa sebabe , atiku krasa marem bareng Palk Ainun dhawuh yen aku pantes dadi wong Tanjung Isuy, Jare pak Syukur. Pantes dadi wong Dayak ?..... aku durung mangerteni.
Wengi kang adhem cepet rumembes tanpa impen.

Esuk umun-umun, jam setengah lima aku wis tangi , saka suarane bocah-bocah dodol jajan. Sing dadi pitakonan , apa ana wong tuku jajan esuk-esuk mangkene?
Pranyata pendhudhuk kene ora biasa sarapan esuk nganggo sega gedhang goreng, roti goreng, sega kuning tansah dadi sarapanee sadurunge budhal menyang sekolah. Malah ora kaget yen ora sarapan esuk , sore jam papat lagi mangan , merga ladhange adoh.
Rata-rata saben wong , saka bocah cilik lanang wadon tumekane bapak bisa adang. Marga bocah – bocah biasa di tinggal menyang ladhang dhewekan , kepeksa ngliwet dhewe ing huma.

Meh bae iku telat teko sekolahan, nadyan mlebune jam setengah wolu, nanging isih katon esuk.
Tekaku di sambut mawa sorot mripat seneng, “ guru baru ! guru baru !”…….bocah-bocah gedhe mawa pakulitan kuning. Ayake pantes yen dadi murid SMA. Apa dheweke bakal manut marang aku?
Ora kok merga sombong yen ketemu uwong ora di sapa, mung mandheng bae nadyan wes kenal. Iku wes adate. Nadyan aku guru, aku mesthi nyapa dhisik murih kenal, nadyan tanpa weruh jenenge.

Ngundang pak wis biasa. Nanging Bu, Mas , Mbak ora kulina. Dadi yen ngundang langsung nyebutake jenenge , nadyan marang paklike
“ Singgah guru ! “ pangundange Pak Hamidak nalika aku mlaku – mlaku karo anake. Rada aneh kaprungu pangundang mau. Nanging pancen wis adate , yok apa maneh. Malah ngundang pak camat tanpo embel-embel Pak dudu barang asing ing kuping.
“ anak saya yang seekor ini , di SMP, yang dua ekor sudah berlaki”. Pak Hamidah aweh ketrangan ngenani anake. Anak kok di ekor ekorne . berlaki ? aku noleh marang anake sing dadi muridku. Dheweke tumungkul mesem, ngerti sing dak karepake, sing dak bingungake.

Omah prasaja tanpo kapur. Gedhe lan dawa nanging tanpa kamar. Ana dipan bagus lan katon antik, katon yen sing nduwe omah wong sugih. Salin klambi utawa paes ora ana rasa rikuh di deleng tamu, marga tanpa kamar. Lungguh jigang kaya ing warung kopi, dudu barang tabu tumrape wanita. Lanang wadon mawa pupur beras kang kandhel tumekaning sikil lan tangan. Dudu barang aneh malah ora eman nggawe liven stipe , nadyan nggawe pupur kandhel.

Wis lumrah omah- Omah tanpo nduwe kamar. Sebab biasane yen BELIAN ( upacara adat nambani wong loro ) merloake ruangan kang amba, dadi ora susah gawe panggonan. Yen ora nduwe dipan , turu gampang bae. Masang klambu di taleni ing dinding papan.
Kaya ngapa tumrape wong kang wis kluarga ? apa ora kuatir yen kajhoderan anake? Mbok menawa kahanan iki bocah- bocah cepet ngerti marang lawan jenise.
Aku banget prihatin nalika meruhi bocah wadon gelut ( ora mung tukar padhu lo ) marga rebutan pacar. Bocah SD lho ! kemajuan jaman apa pengaruh teknologi merga dhaerah iki dhaerah pariwisata?.............

ANJANG SANA MENYANG SMPN PENYINGGAHAN
Ing dina minggu , rencana melu murid menyang kampung Lembenah kang ana lamin adat sing isih di panggeni, wurung. Jalaran ana kabar yen ana guru saka Jawa arep ketemu. Sapa ? jar ewes kenal aku
Alhamdulilah, ketemu dulur kang lagi di kenal. Pak Sukardi lan Pak Samsul saka UNEJ kanca senasib kang ngulang ing SMP Penyinggahan 2 jam perjalanan liwat Danau Jempang.

Kaya kang wis di rencanakake , dina selasa budhal menyang penyinggahan , minangkani undangan serah trima jabatan kepala sekolah.
Kanthi prau tanpa tutup kang di surung mesin diesel, aku serombongan kang jumlahe 33 budhal. Wah …. Aku dadi bahan gegejegane bocah-bocah merga wedi ing prau. Maklum bae, ora bisa nglangi.

Nyabarang danau jempang peperlu wektu ¾ jam , banjur mlebu kali cilik ngubungake kjali Mahakam lan Danau Jempang. Bedo banget kahanane karo Tanjung Isuy. Ing kene lemahe ceket , tandurane katon subur mawa sayur-sayuran terong Lombok , labu , waloh lan maneh wit gedhang ngrembaka ngebaki pinggir kali.
Prau wis teko kali Mahakam. Rasane kaya ing ratan gedhe kapal-kapal katon liwat menyang samarinda. Yen dak gagas , kaya dalan propinsi bae.
Ing pelabuhan rombongan wis kapapag. Hemmm , dalane apik banget kaya penyeberangan tol bae. Aspale saka apa ? aspal ing kene dig awe saka kayu , ulin kang tahan banyu lan rayap di bawe kaya panggung. Wangun mangkono mau murih era kangelan lalu lintase menawa banyu lagi munggah.

Gedung SMP di wangun kaya panggung uga. Nanging sawise munggah mlebu, ora krasa yen ing dhuwur , sebab lantai lan temboke saka beton.

SIMBURAN BANYU
Acara serah terima kepal sekolah prasaja bae, nadyan di tekani Kabid Dikmen. Atiku adhem , pranyata KS sing anyar saka Jawa. Apa aku sukuisme ? pancen ati kang lagi sepisan merantau iki rasane kaya ketemu dulur yen ketemu pada sukune.
Merga kuwatir yen ana gelombang gedhe ing danau , rombongan enggal-enggal bali. Banget ing kagetku , lagi bae munggah prau bocah smp penyinggahan padha nyirami banyu. Masya alloh , kaya muridku malah padha gegojegan siram-siraman banyu. Ora mung cukup kanggo tangan , nanging diwadhahi kantong plastic, apa meneh ngangge timba, ayake nyiram kembang bae.

Aku nyobak menggak , nanging ora di paelu, malah saya seru. Mesthi bae aku muring-muring , ning yok apa maneh. Ra ketang klambiku teles kebes.
Ing dalan bocah-bocah dak takoni lan dak uring-uring merga kahanan mau. Ya Alloh… pranyata iku mau acara adat. Nyiram banyu merthandani rasa seneng lan persahabatan, dadi ora ana kamus nesu dendham lan sapiturute. Ora kek merga kenakalane bocah-bocah kaya sing dak gagas sakdurunge. Dadi saben wong mulih saka kampung liya kudu siap di siram banyu. Ora ketang gubernur , apa penjabat, yen tekane mau di tanpa kanthi seneng, malah seru anggone nyiram.

Aku wis bali ing Tnjung Isuy , panggonan tugasku , bumiku kanggo ambegan lan ngabdi. Gedhung kang megah kaperang saka 6 kelas mung ana guru tetap telu , nalika iku. Alat alat kesenian, gitar ketipung , suling lan alat olahraga lengkap lan sarwo nyukupi kaya tanpo guna. Amarga ora ana guru kang ahli lan nduwe kapinteran marang alat-alat mau.

Saiki wis setahun luwih aku dadi wong Dayak Benoaq. Ngomong basa Dayak , melu upacara adat Dayak, kala-kala melu menyang ladang karo wong Dayak . lan saiki isih berjuang kanggo lan bebarengan wong Dayak kang satemene andhap asor, sumanak yen remaket yen di sanak.

Pancen sing jenenge berjuang kudhu sabar lan mangerteni kahanan nadyan Tanjung Isuy
kawentar daerah pariwisata , yen musim panen akeh bocah ninggalake sekolah mbantu wong tuwa. Lan ora perlu kaget yen ana wali murid teka menyang sekolahan saperlu njalukke ijin anake menyang ladhang ngrewangi ani-ani. Ora tanggung – tanggung , limang dina utawa seminggu bae.

SMPN Tanjung Isuy , saiki wis bisa ambegan lega , amarga wis ana guru tetap 12.
Kepala sekolah suku Kutai , 4 saka Jawa timur (Tulung agung, Jember,Surabaya lan Bojonegoro ) , 4 suku Toraja, 1 Dayak Tunjung , 1 Dayak Benoq lan 1 Dayak Bugis. Bener-bener Indonesia , rasane yen kumpul akeh suku.

N u w u n ………………………………….